benarkah itu akan terjadi ?

Mari kita bertanya kepada ALLAH

hanyalah Dia yang dapat menjawabnya

Al Qur’an kitab yang berisikan semua kejadian sejak dunia diciptakan sampai kelak kiamat


KITAB JANGKA JAYABAYA

Kutipan Kitab "JANGKA JAYABAYA"


1. Besuk yen wis ono kreto mlaku tanpo turonggo, tanah Jawa kalungan wesi, prahu mlaku ing awang-awang, kali padha ilang kedunge, pasar ilang kumandange, iku tondo yen tekane Jaman Djoyoboyo wis cedhak.

2. Bumi saya suwe saya mengkeret, sekilan bumi dipajeki, jaran doyan sambel, kreto roda papat setugel. Wong wadon nganggo pakaian lanang, iki bakal yen nemoni wolak-walike jaman.

3. Akeh janji ora ditetepi, akeh wong nglanggar sumpahe dewe. Manungso podho seneng nyalah. Tan nindake hukume Allah. Barang jahat diangkat-angkat, barang suci dibenci.

4. Akeh manungso ngutamake real. Lali kamanungsane, lali kebecikan, lali sanak lali kadhang. Akeh bapak lali anak, sedulur podho cidro, keluargo podho curigo, konco dadi mungsuh. Manungso lali asale.

5. Ukuman Ratu ora adil. Akeh pangkat kang jahat jail. Klakuan podho ganjil, wong sing apik podho kepencil. Makaryo apik manungso isin, luwih utomo ngapusi.

6. Wegah makaryo kepingin urip kaya Raja. Ngumbar nafsu angkara murka anggedekake duroko. Wong bener tenger-tenger, wong salah bungah-bungah. Wong apik ditampik, wong jahat munggah pangkat.

7. Wong agung kesinggung, wong olo dipuja-puja, wong wong wadon ilang wadone, ilang wirange. Wong lanang ilang lanange, ilang keprawirane.

8. Akeh jago tanpo bojo, wanito podho ora setiyo, laku sedeng bubrah jare gagah. Akeh biyung adol anak, akeh wanito adol awak. Bojo ijol-ijolan jarene jempolan.

9. Wong wadon nunggang jaran, wong lanang nunggang plangki. Rondo seung loro, prawan saiga lima. Dudho pincang payu sangang uwang.

10. Akeh adol ilmu, akeh wong ngaku-ngaku. Njabane putih, njerone dadu. Ngakune suci, sucine palsu. Akeh bujuk akeh loyo.

11. Akeh udan salah mongso, akeh prawan tuwo. Akeh rondho metheng, akeh bayi tanpo bapak. Akeh agomo akeh sing nantang, kamanungsan akeh sing ilang. Omah suci podho dibenci, omah olo podho dipujo-pujo. Wanito podho wani ing ngendi-ngendi.

12. Akeh laknat, akeh pengkhianat. Akeh anak mangan bapak. Sedulur nglarak sederek. Guru podho disatru. Buruh dadi mungsuh, tango podho curigo. Kono-kene soyo angkoro murko.

13. Sing weruh ketutuh, sing ora iyo ketutuh, mbesuk yen ono perang teko wetan, soko kulon, lor lan kidul, wong becik soyo sengsoro lan mbendul. Wong jahat podho seneng mangan berkat.

14. Wektu iki akeh dandang diunekake kuntul. Wong salah dianggep bener. Pengkhianat nikmat. Durjono sangsoyo sempurno. Wong lugu keblenggu. Wong mulyo dikunjoro.

15. Sing curang garang, sing jujur ancur. Wong dagang kemlanggang. Wong judi podho ndadi. Akeh barang kharam, akeh anak kharam. Prawan cilik podho ngidam, wanito podho nglamar priyo, isih bayi wis podho mbayi. Sing priyo ngasorake drajate dhewe.

16. Wong golek pangan pindho gabah den interi. Sing kebat, kebat kliwat, sing kasep kepleset. Sing gawe rame tompo gawe, sing cilik kecelik, sing anggak ketungkak. Sing wedi podho mati, nanging sing ngawur podho makmur. Sing ngati-ngati sesambat kepati.

17. Akeh barang klebu luwang, akeh wong kaliren lan wudho, ora nduwe wirang mergo kepekso. Wong tuku nglenik sing dodol, sing dodol akal-akal.

18. Pancen wolak-walike jaman. Amenangi jaman edan, sing ora edan ora keduman. Sing waras podho ngagas. Wong wani ditaleni. Wong doro podho uro-uro. Begja-begjane sing eling lan waspodho.

19. Ratu ora netepi janji, musno kuwasane ilang perbawane ( SBY ). Akeh omah ing nduwur jaran. Wong podho mangan uwong. Kayu gligen lan wesi podho kolu diroso enak koyo roti bolu. Yen bengi ora iso turu.

20. Dagang barang saya laris, bandane saya ludes. Akeh wong kaliren ing sisihe panganan. Akeh wong nyekel bondho ning uripe sangsoro. Sing edan podho iso dandan, sing bengkok biso nggalang omah gedong magrong-magrong.

21.Wong waras lan adil uripe anggagas lan kepencil. Sing ora biso maling podho digething. Sing pinter duroko podho dadi konco. Wong bener soyo thenger-thenger, wong salah soyo bungah-bungah, begjane sing eling. Akeh bondho musno ora karuan larine. Akeh pangkat lan drajat podho ningkat ora karuan sebab sebabpe.

22.Rawa podho dadi bero, eblis janmo manungso. Eblis majelis manungso soro. Wong bener thenger-thenger, wong salah bungah-bungah. Begjane sing eling, begjane sing lali, nanging isih bagja sing waspodho.

23. Mulo den titenono. Manungso Jowo mengku Ratu, ora bapa ora ibu, titikane nganggo ketu asirah watu wesi. Pangapesane wanodyo ngiwi-iwi. Jejuluk sarwo Agung edi ( SUKARNO ) .

24.Banjir bandhang ono ngendi-ngendi, gunung njlebug tan njarwani, lan ngimpeni gethinge kepati-pati marang pandhito-pandhito pati geni. Margo wedi kewiyak wadhi. Sopo arane sejati.

25.Ratu digdoyo ora tedas tapak palune pandhe siso gurindo. Ning apese mungsuh setan, tuyul ambregudul, bocah cilik pating pendelik ngubengi omah sorak-sorak koyo nggusah pitik. Ratu atine dadi cilik. Ngundomono bolo sabrang sing doyan asu ( SUHARTO ) .

26.Patine nunggu sabdo Bupatine Perang Bathoro Endro. Disabdo mati tan kena mimis, tan keno panggawe olo, nanging cures ludes margo lemes. Ketekan bayu priyonggo sinendal sinambi miring. Patine amargo kecepit saketing daging ( JATUHNYA SUKARNO ) .

27.Ono wong tuwo ahli topo Agung. Muncul neng tengah gunung Kendeng angrasuk busono ireng, ambiyantu Ratu sing dirubung tuyul anggereng. Pandhito iku ajejuluk Condro Siji Jawa ( GUS DUR ) .

28.Adedagang carang klambi udeng lan lawe benang. Disujudi wong lanang sapirang-pirang. Umurnyo tan panjang, namong sawarso Jowo bang ( MEGAWATI ) .

29.Tutupe warso jolu ngolu, warso kaping jingo nem pindho taun Masehi. Amargo tinutup kuali lumuten, kinepung semut ijo danten ( HABIBIE ) .

30.Polahe wong Jowo kadya gabah den interi. Endi sing bener endi sing sejati. Poro topoora wani podho wedi anyiarake wewulang edhi margo salah-salah nemu pati.

31.Hamongso wus warso jilu mo warso Jowo ngolas molu warso iso. Bakal ono Dewo angejowantah, apengawak manungso, apasuryan pindho Bethoro Kresno awewatak Bolo Dewo ageman Tri Sulo Wondho ( RASUL / SATRIO PININGIT ) .

32.Sadurunge teko ono tetenger, lintang kemukus dowo ngalu-alu tumonjo ono kidul wetan bener. Lawas pitung bengi, parak esuk benter, ilang katut Bathoro Suryo. Jumedul bebarengan prihatin, sing wis mungkur, yoiku poro Dipati sing ngempet-ngempet sumur dening manungso anak turune setan mabur prihatine kawulo kelantar-kelantar, iku tandhane putro Bethoro Endro wus katompo topo lagi teko. Ing Marcopodho ambiyantu wong Jowo.

33.Apeparep Pangeran prang, tan pekso angone nyandang. Ngerahake sakabehing jim setan kumoro prewangan poro lelembut kebawah prentah saeko proyo, kinen ambiyantu poro manungso Jowo. Podho asesende senjoto Tri Sulo Wondho. Kaderekake Sabdo Palon Nayaginggong.

34.Putro kinasih sawargi Sunan Lawu Yo Kyai Ageng Brojomurti, yo Kresno yo Harimurti. Mumupuhi sakabehing laku, nugel tanah Jowo kaping pindho.

35.Nyuwun laki rabi ora gantalan ratri mesti amujuti, mundhut sugih katuntun garis. Nyuwun upo mesti sembodo, garis sabdo ora gantalan. Bejo begjane sing yakin lan tuhu setyo sabdoniro.

36.Dewane mung siji, kiblate ngalor ngulon. Yen nyembah nyungkemi lemah silo, ngedengkreng karo andremiming. Sambatane anggelak blabar lan olah-olah salah ngematake sayur mentah. Nanging ugo biso nyembadani ruwet tentreming wong sapirang-pirang, sing podho nyembah reco andhaplang. Cino eling omah-omahe. Kabeh pinaringan sabdo yo podho manthuk-manthuk.

37.Pendak suro nguntapake kumara kang katon nebus dosanira, kaadepake ngarsane kang kuwoso. Isih timur kaceluk wong tuwo, pandereke Gatutkoco sak yuto.

38.Idune idu geni, sabdane melati sing mbregudul mesti mati, ora tuwo ora enom podho dene bayi wani ora andayani. Yen kerso sinujudan wong tanah Jowo, nanging mung dipilih sopo-sopo.

39.Waskito pindho Dewo, biso nyumurupi lahiriro, embahiro, buyutiro,canggahiro pindho lahir bareng sedino. Ora keno diapusi mergo biso moco ati. Wasis wicoro, pinter wegig tumompo.

40.Dunung ono sasikile Redi Lawu sisih wetan, wetane Bengawan banjir, adedukuh pindho Raden Gatotkoco, arupo pagupon doro tundho tigo, kaya manungsa sing angleledho.

41.Yen siro nyebut namine mesti dadi rame, asmane biso ngramekake sing rame, sing kasinggung eblis wewe.

42.Adhepe pondhok tan karuan kiblate, mulo yo ngerti jantrane jaman. Abondho bandhu nanging ora duwe, titihane turonggo asikil limo cacahe, Ulese pasuryo Bolo Dewo, gigire nganggo ules Getihe Punto Dewo.

43.Yen ketitih playune pindho ibere Gatotkoco. Sing nitih yo titihane Bathoro Kresno yen nitih ono wetenge turonggo.

44.Yen krungu asmane podho gething, yen wus kenal podho nyandhing, sutihik suthik ditinggal plencing. Begja begjane sing biso nyanding. Biso akas digdoyo tanpo aji keeling. Pindho manungso digdoyo kaya Baru Klinting.

45.Pantes apeparep Bupatine Prang, sing wani bakal wirang. Yen ngluruk tanpo bolo, digdoyo tanpo aji opo. Lamun menang tanpo ngasorake liyo. Pancen sugih nanging tan abondho.

46.Wasis wegig, waskito, ngerti sadurunge winarah, pindho Dewo angejowantah. Biso pirso embahiro, angawuningani jantrane jaman Jowo, ngerti garise siji-sijine umat tan kalepyan susurupe jaman.

47.Mulo den, upadinen sinatriyo iku, wus tanpo bapa lan bibi, lola wus apupus wido Jowo, mung ngandelake Tri Sulo, landepe tri sulo putuk, arupo suthik gegawe, gegawa pati utowo utang nyowo. Sing tengah sirik gwgawe kapitunane liyan, sing pinggir tolak colong jupuk winarno.

48.Serik den menehi ati melati, biso kesiku. Senenge anggondo, ajejaluk coro nistho, mangertiyo iku coba, ojo kaino-ino, begja begjane sing dipundhuti. Ateges ditompo jantraniro, kaemong siro sabroyo.

49.Ing aran Begawan , wong dudu Pandhito, sinebut pandhito dudu Dewo, sinebut Dewo kaya manungso, kinen anggep manungso, eming duwe doyo, tan opo ditakoni tan dinalekake tan ono jontro kang disisihake kabeh kajarwakake jlentreh arang-arang terang adrandang.

50.Ojo ngumun ojo ngungun, yo iku Bathoro Endro kang pembayun. Turase kuwoso mbendung setan. Idune tirto Brojomusti, pisuh kaya ngundhuh yoiku kang biso paring pituduh, marang jarwane jongko kalaningsun. Tan keno den apusi, margo biso manjing jroning ati, ono manungso serik ojo gelo, iku dudu wektuniro, ngangsuo sumur Ratu Tanpo Makutho.

51.Nanging musnae tanpo lari, ing tembe warso Jowo Ngolas Rodas, warso Iso Jingo Ngalu molu sing menangi enggalo den luri. Ojo kongas jaman kandas madhepo den marikelu, begjo begjane anak putu.

52.Iki dalane sing eling lan waspodho, ing jaman Kala Bendu Jowo, ojo nglarang dalan wong ngluri, wong pangawak Dewo, Dewo pangawak manungso, sing malang-malang bakal cures ludes sak broyo diomo kumoro. Ojo kleru Pandhito Samusono. Lurinen Pandhito asenjoto Tri Sulo Wondho. Iku paringane Dewo.

53.Lenggahing Pembayun Bethoro Endro, bebarengan jaman angkoro murko soyo ndadi, kono-kene soyo bingung, akeh wong kabiluk melu curang, kawulo wani bandoro, buruh wani juragan, juragan dadi umpan, sing asuworo seru sora oleh bolo. Wong pinter diinger, akeh wong pinter podho keblinger. Wong olo podho dipujo, wong ngerti mangan ati.

54.Bondho dadi suwolo, pangkat dadi pikat. Sing menang podho sawenang-wenang rumongso menang, sing salah mung ngalah rumongso kabeh salah. Ono bupati soko wong asor imane. Pepatih Kepala Judi, sing ati suci soyo dibenci, sing jahat pinter anjilat tur oleh hajat, sing maling tenguk-tenguk nemu gethuk, pitik angrem sak dhuwure pikulan ( SBY ) .

55.Begal podho andugal, rampok keplok, wong omah mitenah sing diomong. Wong jogo nyolong sing dijogo, wong njaluk dijamin, amargo wedi dadi karmane sing jahat, sing jahil. Wong cilik kepencil ( SBY ) .

56.Ono janma ngaku-ngaku dadi ratu, dhuwe bolo lan prajurit. Negarane ambaran saprowolan umbul-umbul warno jenang gulo. Tinengeran gamane cah angon rojo koyo, disulutri gamane pandhe pandhe wojo. Wong suci dibenci, wong jahat diangkat drajat, timah dianggep perak, emas dianggep tembogo, dandang diunekake kuntul, wong dosa sentoso, wong becik dikecik, maling lepas giring, sing maling kepethuk maling ( SUHARTO ) .

57.Akeh sing tudhung kuwali lumuten, podho kepikut katut, janji menehi drajat jebule ngajak mlarat, pinter micoro sing bener digawe olo puntone podho mati neng pinggir kali, tanpo sirah namung gembung ( SUKARNO.

58.Wanito angger wani, jebule kelangan laki, laki mati tan karuwan kubure tan karuwan dinane, akeh mati tanpo slametan, modin podho ngungsi mergo wedi mati, sing ngurusi wong mati digawe pati.

59.Iku balesane Semut Ijo kang kelangan Ngangrang sapto, linuweng ing sumur Jolotundho kang kebak isi boyo. Iku tandane mungkure jaman, jaman sugih kroso wedi, wong wedi dadi priyayi, senenge wong jahat susahe wong becik ( NAIKNYA SUHARTO ).

60.Nanging manungso podho kuciwo, margo dakwo-dinakwo. Ratu podho rembugan negoro endhi sing dipilih lan disenengi. Hera-heru wong Jowo kari separo, Londo Cino kari sejodo.

61.Cino arang eling, keplantrang dibandem gandring, melu wong Jowo sing podho eling, sing ora eling podho muring, mlayu-mlayu koyo maling keno tuding, mergo tinggal podho digething. Bareng ayo mulih podho manjing.

62.Akeh wong ijir, wong cilik sing eman. Selot-selote mbesuke, wolak-walike jaman, wong nyilih mbalekake, wong utang mbayar, utang nyowo nyaur nyowo, utang wirang nyaur wirang.

63.Akeh wong dicakot lemut mati. Dicakot semut sirno. Akeh suworo aneh tanpo bolo, prewangan mahluk alus podho baris, podho rebut gawe bebener garis, tan kasad moto, tan arupo sing mandegani putrane Bethoro Endro.

64.Ageman Tri Sulo Wondho. Momongane dadi nayakane perang. Perang tanpo bolo, sekti mandragunotanpo aji, ngluruk tanpo wadyo bolo. Yen to menang tan ngasorake, podho sugih tan abondho.

65.Ratu tanah Jowo mung siji nanging podho nyawiji. Ageman agodhong pring nom, atetenger lintang belik, anyekel gaman uleg-uleg wesi lambung, pandereke anyangklong once londo isine lombok kuning. Bumbung wulung tan rosan gineret kreto tan turonggo ( SUHARTO ).

66.Nanging kombak mosiking dene suworo gemrenggeng pindho tawon gung, sing nganglang Gatotkoco kembar sewu. Suksmane iwak lodan munggah daratan. Kawulo podho suko-suko margo adiling Pangeran wus teko.

67.Ratune nyembah kawulo, pandereke yo podho ngujo, iku momongane Pangeraning Prang. Sing wis adus wirang nanging kondang, sing ageman Tri Sulo Wondho, genah kiblate gamblang tur jingglang, ora ono wong ngersulo, gemah ripah loh jinawi, kolo bendu wis mingser / mungkur ganti wuku .(Pemimpin Ind setelah Rasul)


Patine jaman Kiamat Kubro.